Selasa, 14 Oktober 2014

SENDANGDAWUNG




(Maskumambang)

Rong perkara warisane kanjeng nabi
Aja lali sira

Janji kang gelem nglampahi
Ayem tentrem urip sira

(Asmarandana)

Memanise Urip yekti
Umpama gelem cekelan
Hadis lan Quran arane
Ampun supe sholawatan
Marang nabi Muhammad
Ana kautaman iku
Den lanjeri sholawatan


(Mijil)
Ya Allah Gusti Ya Allah Gusti
Anom tuwa nyadong
Qobul apa dungo panyuwune
Zat kang maha agung kang den puji
Allah maha suci
Ning nang anane nung

(Gambuh)

Hayu harja rahayu
Allah kang paring dalan pitulung
Remen ngaji mrih antuk syafaat nabi
Ya maca dhiba maulud
Ooooo nabi kawula Awon

(Durma)

Wewulang agung saka kitab alquran
Anggere dipahami
Sapa gelem maca
Karep prentahe paham
Iya kanti dalan ngaji
Tumrap menungsa
Ojo nganti lali

Angenteni turuning syafaat nabi Muhammad
Dawuhe Allah mbenjang ngenteni
Iya, iku pitulungan ana akherat

(Pangkur)
Menawa ana menungsa
Iya iku nabi Muhammad yekti
Hya kang nampa wahyu agung
AlQuran saking Allah
Rajab tanggal pitulikur nampa wahyu
Jaran Buroq  kang nganterna
Angadep hyang maha suci

Kang Didin (Ki Gula Klapa)
Kendal : Mengeti Maulid Nabi Muhammad 1435 H

Tidak ada komentar:

Posting Komentar