TEMBANG SENDANG KACANGAN

Esemmu Paiting Madu"
Meh rahinasemu bang hyang aruna kadi netra ning ogha rapuh,
sabda ni kokila ring kanigara saketer ni kidung ning akung,
pepetoking ayam wana
mratandani yen wus mangun enjang
mangun enjang
paraupanmu bebasan gawe wayang kembang
kembang netra nganti dadi lelara
sak liyepan rong liyepan
mung wayangmu wong ayu
kembang pepujanku
lawa-lawa kang mibur ing angkasa
wus ngancik wayah kudu bali marang kandangane
pitik alas keprungu kluruke
nanging mripat iki angel meremme
seprene tekamu tak nteni Mun Srikandhiku
janur gunung
janur gunung sakulon banjar patoman
kadingaren-kadingaren wong ayu kapan tekane
wakul kayu-wakul kayu
cepone wadah pengaron
kapanane-kapanane ketemu pada dewekan
dogel gelang bunging alang-alang
wus sajegewong ayu angel tekane
grimis-grimis ngemeti suruh suruhe sawang-sawangan
padune kepingin weruh yen wis weruh awing-awangan.
Duh gusti napa kawulo sampun madya kunjana
Kedanan marang Srikandi ayu iku
Ooooooh yen cindandra paraupane
Bebasan turah rupa kurang candra
Alis nanggal sepisan ooooo yayi…
Kediping mripat lir dammar kanginan
Lambe nggula sathemlik uga manggis karenget manis esemu paiting madu
Untu miji timun Payudara mengker-mengker nyengkir gading sakembaran
Bangkeane nawon kemit, yen lumaku kadyo macan luwe duh saya lara atiku
Asta nggendewa pinentang Bokong manjang ngilang duh duh duh….
Irung kencana pinata ngudhup mlati
Wetis sempol Ngembang pudhak Nyothang jungkang
Duh pengeran
Yento kawula nandang madyo kunjana
Enggalo paring tetamba
Datan kuat
Srikandiku…
Enggalo bali leganana katresnanipun kakang yayi
Pun kakang wus kepingin sesandingan
Aku lan kowe jejodoan sak lawase.
Satuhu
Kyai Suwung!
(Kandang, 17/12)
"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar